Matius 8

8:1 Gusti Yésus mandhap saka ing gunung, kadhèrèkaké déning wong akèh.
8:2 Ing kono ana wong lara kusta. Wong mau sowan lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur: "Gusti, menawi Panjenengan kersa, inggih temtu saged nyarasaken kawula."
8:3 Gusti Yésus banjur mulung astané, ndemèk wong mau. Pangandikané: "Ya! Aku kersa. Warasa!" Sanalika iku uga lelarané kusta ilang, lan wong mau waras.
8:4 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong mau: "Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban miturut préntahé Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis waras tenan!"
8:5 Nalika Gusti Yésus mlebu ing kutha Kapèrnaum, ana perwira tentara Rum sowan ing ngarsané, sarta nyuwun pitulungané Gusti.
8:6 Aturé wong mau: "Gusti, réncang kawula sakit wonten ing griya. Tiyang wau nggluntung ing patileman, lan ngraosaken sakit sanget."
8:7 Gusti Yésus ngandika: "Iya, Aku Dakmrana marasaké."
8:8 Nanging aturé perwira mau: "Ah, mbok mboten sisah rawuh piyambak. Kawula mboten pantes nampèni Gusti ing griya kawula. Panjenengan kawula aturi dhawuh kémawon, mangké réncang kawula mesthi saras!
8:9 Awit kawula piyambak inggih kedah tundhuk dhateng pengageng kawula. Lan sangandhap kawula inggih wonten rèrèhan prejurit-prejurit ingkang kedah tundhuk dhateng préntah kawula. Menawi kawula akèn dhateng ingkang setunggal: 'Lungaa', piyambakipun inggih késah. Menawi kawula ngundang sanèsipun: 'Mrénéa', piyambakipun inggih nunten dhateng; utawi menawi kawula akèn réncang kawula: 'Iki lakonana', piyambakipun inggih tumunten nglampahi."
8:10 Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Banjur ngandika marang wong-wong sing ndhèrèkaké: "Aku durung tumon pengandel sing semono gedhéné ana ing antarané wong Israèl.
8:11 Titènana waé, bakal akèh wong sing teka saka Wétan lan saka Kulon padha bungah-bungah bebarengan karo Bapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoné Allah.
8:12 Nanging wong-wong sing samesthiné dadi umat ing Kratoné Allah, malah bakal ditundhung lan diukum. Ing kono wong-wong mau bakal padha nangis lan krasa keduwung banget."
8:13 Gusti Yésus banjur ngandika marang perwira mau: "Wis, muliha. Apa sing dadi pengandelmu bakal kelakon." Sanalika iku uga abdiné perwira mau waras.
8:14 Gusti Yésus tindak menyang omahé Pétrus. Ing kono Panjenengané mirsa ibuné maratuwa Pétrus mau lagi lara panas ana ing peturon.
8:15 Tangané banjur didemèk, temahan mari larané. Wong mau banjur tangi lan ngladosi Gusti.
8:16 Nalika ngarepaké peteng akèh wong sing kesurupan dhemit padha disowanaké ana ing ngarsané Gusti Yésus. Dhemit-dhemit mau padha ditundhungi, cukup mung srana didhawuhi waé. Semono uga Panjenengané marasaké wong-wong sing padha lara liyané.
8:17 Gusti Yésus nindakaké kuwi mau kabèh, supaya kelakon temenan apa sing wis dingandikakaké déning Nabi Yésaya, mengkéné: "Panjenengané wis nyanggi kasangsaran kita lan marasaké sakèhing lelara kita."
8:18 Nalika mirsa wong akèh ngrubung Panjenengané, Gusti Yésus nuli dhawuh marang murid-muridé, supaya nyabrang Tlaga Galiléa.
8:19 Ana ing kono ana sawijining ahli Torèt sing sowan lan matur: "Guru, kawula badhé ndhèrèk Panjenengan dhateng pundi kémawon tindak Panjenengan."
8:20 Gusti Yésus ngandika: "Asu ajag padha duwé rong, lan manuk padha duwé susuh, nanging Aku, Putraning Manungsa, ora duwé papan kanggo nggléthak lan ngaso."
8:21 Nuli ana murid liyané sing matur: "Gusti, kawula nyuwun pamit badhé ngubur bapak kawula."
8:22 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Mèlua Aku! Wong mati cikbèn padha ngubur panunggalané sing padha mati."
8:23 Gusti Yésus banjur minggah ing prau lan para muridé padha ndhèrèk.
8:24 Ora wetara suwé ing tlaga mau ana prahara, nganti prauné diontang-antingaké déning ombak. Nalika semana Gusti Yésus lagi saré.
8:25 Para muridé nuli padha marani, mungu Panjenengané, lan padha bengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung! Praunipun badhé kèrem!"
8:26 Pangandikané Gusti Yésus: "Yagéné kowé padha wedi? Kowé padha cupet ing pengandel." Gusti Yésus banjur jumeneng. Angin lan ombak nuli didhawuhi supaya sirep. Banjur iya sirep.
8:27 Sakèhing wong sing ana ing kono padha gumun. Lan padha muni: "Wong iki sapa ta, déné tekan angin lan ombak barang kokpadha ngèstokaké dhawuhé!"
8:28 Gusti Yésus enggoné nyabrang tlaga wis tekan tanah Gadara. Tumuli dipethukaké déning wong loro, sing metu saka guwa-guwa kuburan. Wong-wong mau padha kesurupan dhemit, lan mbebayani banget, mulané ora ana wong siji-sijia sing wani liwat cedhak kono.
8:29 Dumadakan wong-wong sing kesurupan dhemit mau padha bengok-bengok: "Kawula badhé Panjenengan menapakaken, dhuh Putranipun Allah? Menapa Panjenengan sampun badhé ngukum kawula? Samenika rak dèrèng wekdalipun?"
8:30 Ora adoh saka kono ana pepanthan babi sing lagi padha golèk pangan.
8:31 Dhemit-dhemit mau nuli padha matur marang Gusti Yésus: "Menawi kawula sami kadhawuhan medal, keparenga kawula sami mlebet ing babi-babi menika."
8:32 Dhawuhé Gusti Yésus: "Padha metua." Dhemit-dhemit nuli padha metu saka wong-wong sing kesurupan mau, banjur mlebu ing babi-babi. Babi-babi kuwi nuli padha njegur saka pinggiring jurang menyang tlaga, temahan padha mati kleleb.
8:33 Wong sing padha ngengon babi banjur mlayu menyang kutha lan nyritakaké lelakon kuwi, uga bab wong loro sing kesurupan dhemit mau.
8:34 Wong sakutha kabèh nuli padha metu marani Gusti Yésus. Bareng ketemu banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa nilar wilayah kono.

Comments