Matius 7

7:1 "Aja padha ngadili wong liya, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah.
7:2 Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé.
7:3 Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowé weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh?
7:4 Kokwani-wanimu ngandhani wong liya: 'Tatal ing mripatmu dakilangané', mangka ing mripatmu dhéwé ana baloké?
7:5 Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau.
7:6 Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak."
7:7 "Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné Gusti Allah, temah kowé bakal padha diwengani.
7:8 Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang Gusti Allah, bakal kaparingan, lan wong sing tansah nggolèki Gusti Allah, bakal ketemu Panjenengané; lan wong sing tansah thothok-thothok ing koriné Gusti Allah, bakal diwengani.
7:9 Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kokmènèhi watu?
7:10 Utawa mènèhi ula, yèn anaké njaluk iwak?
7:11 Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngerti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu. Apa menèh Gusti Allah, Ramamu ing swarga. Panjenengané bakal maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang Panjenengané!"
7:12 "Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Iya kuwi sariné Angger-anggering Torèt, sing diwulangaké déning Nabi Musa lan nabi-nabi liyané."
7:13 "Padha mlebua metu lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing nraka! Mangka akèh wong sing padha milih dalan mau.
7:14 Kosokbaliné lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil, kuwi anjog marang kauripan, lan mung sethithik cacahé wong sing milih dalan kuwi."
7:15 "Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi palsu. Wong-wong mau padha nekani kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl, mangka sejatiné asu ajag sing galak.
7:16 Ketitiké wong mau saka penggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh ara?
7:17 Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh sing ala.
7:18 Wit sing becik ora bisa ngetokaké woh sing ala, lan wit sing geringen ora bisa ngetokaké woh sing becik.
7:19 Saben wit sing ora ngetokaké woh sing becik, ditegor lan diobong.
7:20 Mengkono uga kedadéané para nabi palsu mau. Kowé bakal padha bisa nitik wong-wong mau saka wohing penggawéné."
7:21 "Sing dadi umat ana ing Kratoné Allah kuwi dudu angger wong sing matur marang Aku: 'Gusti, Gusti', nanging mung wong sing padha nglakoni kersané Rama-Ku ing swarga.
7:22 Ing Dina Kiamat bakal akèh wong sing padha matur marang Aku: 'Gusti, Gusti, kawula rak sampun martosaken pangandikanipun Gusti Allah atas asma Paduka? Lan kawula rak sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, menapa malih sampun damel mujijat kathah atas asma Paduka?'
7:23 Nanging Aku bakal mangsuli: 'Aku ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira saka ing kéné, kowé wong sing seneng gawé piala!' "
7:24 "Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulang-Ku, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan.
7:25 Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing padhasan.
7:26 Nanging sapa sing ngrungokaké piwulang-Ku, mangka ora nglakoni, kuwi padha karo wong bodho, sing ngedegaké omahé ing lemah pasir.
7:27 Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau nuli ambruk, lan rusak banget!"
7:28 Bareng Gusti Yésus wis rampung enggoné memulang, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé.
7:29 Awit enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.

Comments