Matius 5

5:1 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akèh mau, banjur minggah ing punthuk. Sawisé lenggah, para muridé padha mapan lungguh ngubengi Panjenengané.
5:2 Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:
5:3 "Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané Pangéran; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah.
5:4 Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah.
5:5 Begja wong sing andhap-asor, awit bakal padha tampa prasetyané Gusti Allah.
5:6 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané Gusti Allah; awit Gusti Allah bakal gawé mareming atiné.
5:7 Begja wong sing seneng melasi wong liya; awit bakal diwelasi déning Gusti Allah.
5:8 Begja wong sing resik atiné; awit bakal wanuh marang Gusti Allah.
5:9 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké, awit bakal disebut para putrané Gusti Allah.
5:10 Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané Gusti Allah; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah.
5:11 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-Ku.
5:12 Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé."
5:13 "Kowé kuwi upamané kaya uyah kanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilang asiné, apa sing kena kanggo mulihaké asiné? Uyah sing mengkono mau wis ora ana gunané, mulané mung bakal dibuwang lan diidak-idak déning wong.
5:14 Kowé kuwi upamané kaya pepadhang sing dibutuhaké déning wong sajagad kabèh. Kutha sing ana ing ndhuwur gunung kuwi ora kena dialing-alingi.
5:15 Lan menèh ora ana wong sing nyumed lampu, banjur ditutupi nganggo tompo, nanging malah bakal numpangaké lampu mau ana ing papan sing dhuwur, supaya bisa madhangi saben wong sing ana ing omah kono.
5:16 Mengkono uga padhangmu madhangana marang wong, supaya padha neksèni penggawému sing becik, temah wong-wong mau padha ngluhuraké Ramamu sing ana ing swarga."
5:17 "Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku iki arep mbatalaké Torèt, sing diwulangaké Nabi Musa lan para nabi liyané, nanging malah arep nyampurnakaké.
5:18 Ngertia, salawasé isih ana langit lan bumi, Torèt mau ora bakal batal, senajan mung titik utawa saaksara waé.
5:19 Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Kratoné Allah. Nanging sing sapa nglakoni lan mulangaké kabèh pepakoning Torèt, iku bakal olèh papan sing dhuwur ana ing Kratoné Allah.
5:20 Mulané éling-élingen: Kowé ora bakal kepétung dadi umat ana ing Kratoné Allah, yèn olèhmu nglakoni Angger-anggeré Torèt ora luwih sampurna ketimbang karo sing ditindakaké déning para ahli Torèt lan para wong Farisi."
5:21 "Kowé padha ngerti yèn leluhur kita diwulang mengkéné: Kowé aja matèni wong; sing sapa matèni wong kudu diadili.
5:22 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili; lan sing sapa misuhi seduluré, iya kudu diadili déning Predataning Agama. Lan sing sapa ngunèkaké seduluré: 'Goblog', wong kuwi kudu dicemplungaké ing geniné nraka.
5:23 Mulané yèn kowé pinuju nyaosaké pisungsungmu marang Gusti Allah, mangka kowé kèlingan ana sedulur sing lara atiné karo kowé,
5:24 pisungsungmu tinggalen ing sangareping mesbèh. Wong mau paranana, rukuna dhisik karo dhèwèké, yèn wis banjur balia, nyaosna pisungsungmu.
5:25 Yèn ana wong nggugat kowé menyang pengadilan, sajroné lagi padha bebarengan mlaku mrana, kowé ngaraha rukun dhisik karo wong sing nggugat mau. Yèn kowé ora ngarah rukun dhisik, wong mau bakal ngajokaké kowé marang jeksa lan jeksa bakal masrahaké kowé marang polisi. Polisi nuli bakal nglebokaké kowé menyang kunjara.
5:26 Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metu saka kunjara mau, samasa utangmu durung koksaur nganti lunas."
5:27 "Kowé wis padha ngerti piwulang sing surasané: Kowé aja laku jina.
5:28 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa mandeng wong wadon kanthi rasa sir, wong mau wis laku jina karo wong wadon mau ing sajroning atiné.
5:29 Yèn mripatmu tengen marakaké kowé gawé dosa, mripat kuwi cukilen lan buwangen! Luwih becik kowé kélangan pérangané badanmu salah siji, ketimbang karo badanmu sekojur kacemplungaké ing nraka.
5:30 Yèn tanganmu tengen njalari kowé nglakoni dosa, tangan kuwi kethoken, banjur buwangen! Luwih becik kowé kélangan tanganmu sesisih ketimbang karo badanmu sekojur mlebu ing nraka."
5:31 "Uga ana piwulang sing surasané: Sing sapa megat bojoné, kudu awèh layang pegat.
5:32 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa megat bojoné, mangka bojoné mau ora laku jina, kuwi marakaké bojoné mau laku jina, yakuwi samangsa sing dipegat mau kawin menèh. Lan wong liya sing kawin karo sing dipegat mau, iya banjur katut laku jina."
5:33 "Kowé padha ngerti yèn leluhur kita padha diwulang mengkéné: Kowé aja mblénjani janji. Yèn kowé wis janji karo wong nganggo sumpah ing ngarsané Gusti Allah, kudu koktetepi.
5:34 Nanging saiki Aku ngandhani kowé: Kowé aja pisan-pisan sumpah. Aja sumpah demi langit, awit langit kuwi palenggahané Gusti Allah.
5:35 Utawa demi bumi, awit bumi kuwi ancik-anciking sampéyané Gusti Allah; utawa aja demi kutha Yérusalèm, awit kutha Yérusalèm kuwi kuthané Sang Prabu.
5:36 Iya aja sumpah demi sirahmu, awit kowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saeler waé ora bisa.
5:37 Munia waé 'Iya' utawa 'Ora'. Luwihé saka kuwi pinangkané saka Iblis."
5:38 "Angger-anggeré Nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné.
5:39 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan.
5:40 Lan yèn ana wong ngladèkaké kowé marang hakim merga arep njaluk keméjamu, jasmu wènèhna pisan.
5:41 Yèn kowé dipeksa wong nggawakaké barangé sakilometer, gawakna nganti rong kilomèter.
5:42 Yèn ana wong njaluk apa-apa marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong sing arep utang marang kowé."
5:43 "Kowé wis padha ngerti piwulang iki: Tresnaa marang kanca-kancamu lan sengita marang mungsuhmu.
5:44 Nanging saiki kowé Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu, lan wong sing nganiaya kowé, padha dongakna,
5:45 supaya ketitika yèn kowé kuwi para putrané Ramamu ing swarga. Awit Ramamu maringi padhanging srengéngé marang wong sing becik, nanging uga marang wong sing ala. Ramamu maringi udan marang wong sing nglakoni kabecikan lan uga marang wong sing nglakoni piala.
5:46 Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono?
5:47 Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono!
5:48 Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."

Comments