Matius 4

4:1 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis.
4:2 Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé.
4:3 Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti."
4:4 Gusti Yésus paring wangsulan: "Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakèhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah."
4:5 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedalemané Allah.
4:6 Iblis nuli matur: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten: 'Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté njaga marang kowé, lan kowé bakal dithadhahi ing tangané supaya aja nganti kena ing watu.' "
4:7 Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné: 'Kowé aja nyoba marang Pangéran Allahmu.' "
4:8 Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, menyang gunung sing dhuwur banget. Ana ing kono Gusti Yésus diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya sakamulyané kabèh.
4:9 Iblis banjur matur marang Gusti Yésus: "Sedaya menika kula caosaken dhateng Panjenengan, angger Panjenengan sujud nyembah dhateng kula."
4:10 Gusti Yésus ngandika: "Wis lungaa, Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis mengkéné: 'Pangéran Allahmu sing wajib koksembah lan mung Panjenengané sing wajib kokbektèni!' "
4:11 Wusana Iblis banjur lunga saka ngarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosi Panjenengané.
4:12 Bareng midhanget, yèn Nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir menyang tanah Galiléa.
4:13 Panjenengané pindhah saka kutha Nasarèt lan dedalem ana ing kutha Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana ing sapinggiré Tlaga Galiléa, ing tanah Zébulon lan Naftali,
4:14 trep karo sing dingandikakaké Nabi Yésaya, mengkéné:
4:15 "Tanah Zébulon lan tanah Naftali, sing ana ing sauruting dalan menyang tlaga, ing sabrangé Kali Yardèn, tanah Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!
4:16 Wong-wong sing padha manggon ing pepeteng wis padha weruh pepadhang gedhé! Pepadhang wis sumunar madhangi wong-wong sing padha manggon ing tanah sing dikwasani déning dayaning pati!"
4:17 Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: "Padha mratobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Kratoné Allah arep diwiwiti!"
4:18 Nalika lagi tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Gusti Yésus mirsa wong loro, kakang-adhi, yakuwi Simon sing karan Pétrus karo Andréas, adhiné. Wong loro mau lagi padha njala, awit loro-loroné padha tukang njala iwak.
4:19 Gusti Yésus ngandika marang wong loro mau: "Padha mèlua Aku, kowé arep padha Dakwarahi dadi tukang njala wong."
4:20 Sanalika jalané ditinggal, banjur padha ndhèrèk Gusti Yésus.
4:21 Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké, sarta mirsa wong loro menèh, iya kakang-adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Wong loro mau karo bapakné lagi ana ing prau, nyulami jalané, banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus.
4:22 Sanalika prau lan bapakné ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.
4:23 Gusti Yésus banjur ndlajahi tanah Galiléa. Panjenengané memulang ana ing sinagogé-sinagogé *sinagogé: inggih menika papan pangibadahipun tiyang Yahudi.* lan martosaké Injil bab Kratoné Allah. Wong lara lan wong cacad padha diwarasaké.
4:24 Kabar bab Gusti Yésus kuwi banjur sumebar satanah Siria kabèh, nganti wong akèh padha sowan marang Panjenengané. Wong lara lan wong nandhang kasangsaran rupa-rupa padha disowanaké, kayata: wong kesurupan, wong lara ayan lan wong lumpuh, kabèh padha diwarasaké déning Gusti Yésus.
4:25 Nalika semono akèh banget wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus, ana sing saka tanah Galiléa, ana sing saka kutha Dékapolis, ana sing saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa, lan iya ana sing saka tanah sabrangé Kali Yardèn.

Comments