Matius 3

3:1 Ing nalika semana Nabi Yohanes Pembaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudéa, lan memulang ana ing kono.
3:2 Pangandikané: "Padha mratobata saka dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Gusti Allah kersa ngedegaké Kratoné!"
3:3 Nabi Yohanes kuwi pancèn wong sing wis diweca rawuhé déning Nabi Yésaya mengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuh ing ara-ara samun, 'Padha nyawisna dalané Pangéran; lencengna lan ratanen dalan sing bakal diambah.' "
3:4 Nabi Yohanes kuwi agemané digawé saka wulu unta. Sabuké saka lulang. Sing didhahar walang lan madu alas.
3:5 Akèh wong sing marani Nabi Yohanes mau, saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa lan saka wilayah sakiwa-tengené Kali Yardèn.
3:6 Wong-wong mau padha ngakoni dosa-dosané, banjur padha dibaptis déning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn.
3:7 Uga akèh wong Farisi lan wong Saduki sing padha teka marani Nabi Yohanes, nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanes pirsa wong-wong mau, banjur ngandika: "Kowé anak ula, sapa sing akon kowé padha nyingkiri bebenduné Gusti Allah marang kowé?
3:8 Buktèkna srana kelakuanmu yèn kowé wis mratobat temenan.
3:9 Lan aja ngira yèn kowé bisa mbeneraké awakmu dhéwé ana ing ngarsané Gusti Allah srana muni: 'Aku rak tedhak-turuné Abraham.' Ngertia, yèn Gusti Allah kwaos nganakaké turuné Abraham saka watu-watu iki!
3:10 Wadungé wis cumepak kanggo negor wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora ngetokaké woh becik, bakal ditegor lan dibuwang ing geni.
3:11 Aku mbaptis kowé nganggo banyu kanggo mretandhani yèn kowé wis mratobat ninggal dosa-dosamu; nanging Panjenengané kang bakal rawuh sapungkurku, kuwi sing bakal mbaptis kowé srana Roh Suci lan geni. Panjenengané luwih kwasa ketimbang aku. Senajan mung nguculi trumpahé waé aku ora pantes.
3:12 Panjenengané wis ngasta tampah kanggo napèni, lan lesungé bakal dikeludi nganti resik. Berasé bakal diklumpukaké ana ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni sing ora bisa sirep."
3:13 Nalika semana Gusti Yésus tindak saka tanah Galiléa menyang Kali Yardèn. Panjenengané murugi Nabi Yohanes lan mundhut supaya dibaptis.
3:14 Nanging Nabi Yohanes menggak, aturé: "Kawula ingkang prelu Panjenengan baptis, koksamenika malah Panjenengan ingkang mundhut kawula baptis."
3:15 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku lan kowé padha netepi sing dadi kersané Gusti Allah." Nabi Yohanes nuli nuruti kersané.
3:16 Sawisé dibaptis, Gusti Yésus mentas saka ing banyu. Dumadakan Panjenengané kawenganan langit lan mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya manuk dara, nedhaki Panjenengané.
3:17 Banjur ana swara saka ing langit: "Iki Putra-Ku, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalih-Ku."

Comments