Matius 22

22:1 Gusti Yésus memulang menèh marang wong akèh ngagem pasemon.
22:2 Pangandikané: "Kratoné Gusti Allah kuwi kena diupamakaké kaya péstané ratu sing mantokaké putrané.
22:3 Ratu mau ngutus para abdiné, nimbali wong-wong sing padha diulemi. Nanging wong-wong mau padha ora gelem teka.
22:4 Nuli ratu mau ngutus utusan-utusan liyané, sing padha diweling mengkéné: 'Kandhaa karo wong-wong sing padha dakulemi mau yèn pahargyan mantèné anakku wis katata. Sapi lanang lan pedhèt-pedhèt pilihan wis disembelèh. Samubarang wis cumawis. Ayo padha teka ing pahargyan!'
22:5 Éwasemono tamu-tamu sing diulemi ora padha maèlu. Malah padha lunga menyang pegawéané dhéwé-dhéwé; ana sing lunga menyang pategalané, ana sing ngurusi dagangané;
22:6 lan malah ana liyané sing nyekel para utusané ratu mau, dipilara lan dipatèni.
22:7 Mulané bareng mireng bab kuwi Sang Prabu duka banget. Banjur ngutus para prejurité, didhawuhi matèni wong-wong sing padha matèni utusané Sang Prabu mau.
22:8 Sawisé kuwi Sang Prabu nuli nimbali para abdiné lan ngandika: 'Pahargyan mantèn wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.
22:9 Mulané saiki kowé padha lungaa ing dalan-dalan gedhé. Pira lan sapa waé wong sing kokprangguli ing kana, ulemana, supaya teka ing pahargyan mantèn iki.'
22:10 Para abdi mau iya tumuli padha mangkat. Kabèh wong sing diprangguli ing dalan-dalan gedhé padha dikumpulaké, iya wong ala, iya wong becik. Panggonan pahargyan mau nganti kebak tamu.
22:11 Sang Prabu banjur mlebet ing papan pahargyan, mirsani para tamuné. Ing kono mirsa ana tamu sing ora nganggo sandhangan pésta.
22:12 Tamu mau banjur didangu: 'Sedulur! Kepriyé déné kowé bisa mlebu tekan kéné ora nganggo sandhangan pésta?' Tamu mau ora bisa mangsuli apa-apa.
22:13 Sang Prabu banjur ngandika marang para abdi: 'Wong iki bandanen lan wetokna saka kéné, lebokna ing panggonan sing peteng. Ing kono bakal ana tangis lan panggegeting untu.' "
22:14 Gusti Yésus banjur mungkasi pasemon kuwi mengkéné: "Akèh wong sing padha ditimbali, nanging sing dipilih mung sethithik."
22:15 Wong-wong Farisi nuli padha metu saka ing kono lan padha ngrembug kepriyé bisané nyengkolong *nyengkolong: njiret,, tembungipun ing basa Indonesia: Menjebak.* Gusti Yésus srana pitakonan-pitakonan.
22:16 Para Farisi mau nuli kongkonan murid-muridé sowan marang Gusti Yésus, bebarengan karo wong sawetara saka golongan Hérodian. Wong-wong mau dikon matur marang Gusti Yésus mengkéné: "Bapak Guru, kula mangertos, bilih Panjenengan menika barès, sarta mucal kanthi blak-blakan bab kersanipun Gusti Allah tumraping manungsa, tanpa ajrih dhateng sinten kémawon; awit Panjenengan mboten mawang tiyang.
22:17 Awit saking menika mugi Panjenengan kersa paring katerangan: Mbayar paos dhateng Kaisar ing Rum, menika kénging menapa mboten?"
22:18 Nanging Gusti Yésus mirsa karep sing ala kuwi, mula banjur ngandika: "Wong lamis. Yagéné kowé nyoba marang Aku?
22:19 Tuduhna dhuwit sing kokenggo mbayar pajeg kuwi." Wong mau banjur padha ngaturaké dhuwit dinar siji.
22:20 Gusti Yésus banjur ndangu: "Iki gambaré sapa lan jenengé sapa sing ditulis ana ing dhuwit iki?"
22:21 Wangsulané sing padha didangu: "Menika gambaripun Kaisar." Gusti Yésus banjur ngandika: "Yèn mengkono caosna marang Kaisar apa sing dadi haké Kaisar, lan aturna marang Gusti Allah apa sing dadi kagungané Gusti Allah."
22:22 Bareng krungu pangandika mengkono, wong-wong mau padha gumun banget. Banjur padha lunga.
22:23 Ing dina kuwi uga, ana wong Saduki sawetara padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong-wong mau duwé penganggep yèn wong mati mono ora bakal tangi.
22:24 Banjur padha matur marang Gusti Yésus mengkéné: "Pak Guru, Nabi Musa ngandika: Menawi wonten tiyang jaler pejah, mangka mboten gadhah anak, menika sedhèrèkipun jaler kedah kawin kaliyan randha ingkang katilar pejah sémahipun wau, supados ingkang pejah wau gadhaha turun.
22:25 Nanging naté kelampahan ing ngriki, wonten tiyang pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng kawin, lajeng pejah, tanpa gadhah anak. Dados randhanipun katilaraken dhateng sedhèrèkipun.
22:26 Mekaten ugi sedhèrèkipun wau inggih tilar-donya, tanpa gadhah anak. Kados mekaten ugi sedhèrèkipun nomer tiga lan salajengipun ngantos ingkang nomer pitu pisan.
22:27 Wusana tiyang èstri wau inggih pejah.
22:28 Menawi mekaten menika, mbénjing ing dinten petangènipun tiyang pejah, tiyang èstri wau lajeng dados sémahipun sinten? Sebab tiyang pitu sasedhèrèk wau sampun naté kawin kaliyan piyambakipun."
22:29 Gusti Yésus ngandika: "Kowé padha kesasar, sebab kowé ora ngerti marang piwulangé Kitab Suci lan pangwasané Gusti Allah!
22:30 Awit yèn wong mati wis padha katangèkaké menèh, wong mau ora bakal omah-omah lan diomah-omahaké menèh. Wong-wong mau bakal padha urip kaya para malaékat ing swarga.
22:31 Apa kowé padha ora tau maca, apa sing dipangandikakaké déning Gusti Allah bab petangèné wong mati? Gusti Allah ngandika:
22:32 'Aku Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub!' Allah kuwi dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip."
22:33 Bareng krungu ketrangané sing kaya mengkono mau, wong akèh padha gumun banget marang piwulangé Gusti Yésus.
22:34 Bareng wong Farisi padha krungu, yèn Gusti Yésus wis mbungkem wong Saduki, banjur padha nglumpuk.
22:35 Ana siji panunggalané para ahli Torèt, arep nyoba marang Gusti Yésus, srana pitakonan, mengkéné:
22:36 "Bapak Guru, angger-angger ingkang utami lan ageng piyambak ing salebeting Kitab Torèt menika ingkang pundi?"
22:37 Gusti Yésus ngandika: "Kowé tresnaa marang Allahmu klawan gumolonging atimu, gumolonging nyawamu lan gumolonging budimu.
22:38 Ya kuwi angger-angger sing gedhé lan sing luhur dhéwé!
22:39 Déné angger-angger sing kaping pindho, sing padha wigatiné karo sing dhisik mau, yakuwi: Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.
22:40 Kabèh angger-angger sing kasebut ana ing Kitab Torèt lan ing kitabé para nabi, kuwi dhasaré ana ing angger-angger loro mau."
22:41 Nalika wong Farisi isih padha nglumpuk ana ing kono, Gusti Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané:
22:42 "Kepriyé penemumu bab Sang Kristus? Panjenengané kuwi tedhaké sapa?" Wangsulané sing padha didangu: "Tedhakipun Sang Prabu Dawud."
22:43 Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn mengkono, kepriyé déné Sang Prabu Dawud, sing katuntun déning Rohé Allah, koknyebut marang Sang Kristus kuwi: 'Gusti'? Sebab Sang Prabu Dawud ngandika:
22:44 'Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: linggiha ing tengen-Ku, nganti sakabèhing mungsuhmu wis Daktelukaké ing sangisoring tlapakanmu.'
22:45 Dadi yèn Sang Prabu Dawud nyebut Sang Kristus kuwi 'Gusti', kepriyé déné Sang Kristus kokdisebut uga tedhaké Sang Prabu Dawud?"
22:46 Ora ana wong siji waé sing bisa mangsuli. Wiwit dina kuwi ora ana wong sing wani ngaturaké pitakonan marang Gusti Yésus.

Comments