Matius 20

20:1 "Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké wong duwé kebon anggur. Ing wayah ésuk wong mau metu golèk buruh kanggo nggarap keboné anggur.
20:2 Sawisé wong mau sarujuk mbayar saben wong siji sedina sedinar, banjur akon para buruh mau nyambut-gawé ing keboné anggur.
20:3 Kira-kira jam sanga ésuk wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan weruh wong sawetara lagi padha nganggur ana ing pasar,
20:4 banjur dikandhani: 'Padha nyambut-gawé ing kebonku anggur. Kowé bakal dakopahi miturut apa mesthiné.'
20:5 Wong-wong mau uga tumuli mangkat. Kira-kira jam rolas lan jam telu awan wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan nindakaké kaya ing ngarep mau.
20:6 Kira-kira jam lima soré wong mau lunga menèh lan weruh wong-wong sing uga padha nganggur, banjur padha ditakoni: 'Yagéné padha nganggur ana ing kéné sedina muput?'
20:7 Wangsulané sing padha ditakoni: 'Awit mboten wonten tiyang ingkang nyukani pedamelan.' 'Yèn mengkono, kowé padha nyambuta-gawé ing kebonku anggur!' ujaré sing duwé kebon.
20:8 Bareng wis surup, sing duwé kebon mau kandha marang mandhoré: 'Buruh-buruh kuwi padha undangen, padha wènèhana opahé, wiwit saka sing tekané kèri dhéwé nganti tekan sing dhisik dhéwé.'
20:9 Wong-wong sing padha wiwit nyambut-gawé kira-kira jam lima soré nuli teka, lan diopahi sedinar.
20:10 Sawisé kuwi nuli sing mlebu luwih ésuk padha mara. Pengirané bakal padha tampa luwih akèh. Nanging jebul iya tampa sedinar wong siji.
20:11 Nalika padha nampani opahé, wong-wong mau padha nggrundeli sing duwé kebon.
20:12 Pangucapé: 'Para berah ingkang sami mlebet kantun piyambak menika rak namung sami nyambut-damel setunggal jam. Kula sami nyambut-damel sedinten muput lan sami kebentèren; kénging menapa tiyang-tiyang wau panjenengan paringi opah sami kaliyan kula?'
20:13 Wong sing duwé kebon mau mangsuli: 'Lo, aku rak ora keluputan karo kowé. Kowé rak wis sarujuk nampa opah sedinar sedina?
20:14 Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing dakbayaraké marang kowé.
20:15 Apa aku ora olèh migunakaké barang-barangku dhéwé manut sakarepé atiku? Apa sebabé kowé mèri yèn aku loma marang wong liya?' "
20:16 Gusti Yésus banjur ngandika: "Iya kaya mengkono kuwi wong-wong sing tekané kèri bakal dadi dhisik dhéwé lan wong-wong sing padha teka dhisik bakal dadi sing kèri dhéwé!"
20:17 Nalika arep tindak menyang kutha Yérusalèm, ana ing dalan Gusti Yésus nimbali para muridé rolas ndhéwé. Banjur ngandikani mengkéné:
20:18 "Padha rungokna! Saiki kita padha menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana Putrané Manungsa bakal dipasrahaké marang para pengareping imam lan para ahli Torèt. Wong-wong mau bakal netepaké paukuman pati marang Panjenengané.
20:19 Sawisé kuwi wong-wong mau bakal masrahaké Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, supaya dipoyoki lan dipecuti, banjur disalib. Nanging ing telung dinané Panjenengané bakal kawungokaké menèh saka ing pati."
20:20 Somahé Zébedéus sowan ing ngarsané Gusti Yésus karo anak-anaké, banjur sujud lan arep ngaturaké panyuwunan.
20:21 Gusti Yésus ndangu: "Kowé arep matur apa?" Aturé somahé Zébedéus: "Panjenengan kersaa paring prejanji, bilih mbénjing samasa Panjenengan jumeneng Raja, anak kawula kekalih menika keparenga linggih ing sisih tengen lan ing sisih kiwa Panjenengan."
20:22 Gusti Yésus ngandika: "Kowé kuwi padha ora ngerti apa sing koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka tuwung sing kudu Dakombé?" Wangsulané sing padha kadangu: "Inggih wantun."
20:23 Gusti Yésus tumuli ngandika: "Pancèn kowé iya bakal padha ngombé saka tuwung sing bakal Dakombé. Nanging bab sapa sing bakal lungguh ing sisih tengen lan ing sisih kiwa-Ku, kuwi Aku ora wenang netepaké. Kuwi bakal kaparingaké marang wong-wong sing wis dipilih déning Rama-Ku."
20:24 Bareng murid sepuluh liyané ngrungu bab kuwi, padha nepsu marang wong loro sasedulur mau.
20:25 Mulané Gusti Yésus banjur nimbali para murid kabèh, sarta dingandikani mengkéné: "Kowé padha ngerti, yèn para penjajah sing duwé pangwasa kuwi nindhes marang rakyat. Semono uga para penggedhé padha nindakaké pangwasané kanthi kenceng.
20:26 Nanging tumrapé kowé, cara sing kaya mengkono kuwi aja koktindakaké. Yèn ing antaramu ana sing kepéngin dadi penggedhé, kuwi kudu dadi réwang.
20:27 Lan yèn panunggalanmu ana sing kepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur.
20:28 Ora béda karo Putrané Manungsa, enggoné rawuh ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi, sarta masrahaké nyawané kanggo ngluwari wong akèh."
20:29 Nalika Gusti Yésus lan murid-muridé ninggal kutha Yérikho, akèh wong sing padha ndhèrèkaké.
20:30 Ing pinggir dalan ana wong wuta loro padha lungguh. Bareng ngrungu yèn Gusti Yésus langkung, wong loro mau padha nguwuh-uwuh: "Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi kersa melasi kawula!"
20:31 Wong akèh sing ana ing kono padha nepsu lan akon supaya wong loro mau meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: "Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi kersa melasi kawula!"
20:32 Gusti Yésus nuli mandheg sarta nimbali wong loro mau, pangandikané: "Kowé padha nyuwun Dakkapakaké?"
20:33 Atur wangsulané sing padha kadangu: "Gusti, kawula kepéngin mripat kawula saged ningali!"
20:34 Gusti Yésus trenyuh penggalihé merga saka welas, banjur ndumuk mripaté wong-wong mau. Sanalika iku uga wong loro mau banjur padha bisa ndeleng. Tumuli padha ndèrèkaké tindaké Gusti Yésus.

Comments