Matius 11

11:1 Sawisé rampung enggoné maringi piweling marang para muridé rolas, Gusti Yésus banjur tindak memulang lan martosaké Injil ana ing kutha-kutha kono.
11:2 Nabi Yohanes sing nalika semana ana ing pakunjaran, mireng pawartos bab pakaryané Gusti Yésus. Nabi Yohanes nuli ngutus muridé sawetara sowan marang Gusti Yésus, supaya nyuwun pirsa mengkéné:
11:3 "Menapa Panjenengan menika ingkang badhé rawuh, kados ingkang dipun ngandikakaken déning para nabi? Menapa kawula taksih kedah ngentosi tiyang sanèsipun?"
11:4 Gusti Yésus mangsuli: "Padha balia, aturna marang Nabi Yohanes apa sing kokrungu lan kokdeleng:
11:5 Wong wuta padha bisa ndeleng, wong lumpuh padha bisa mlaku, lan wong lara kusta padha kawarasaké; wong budheg bisa ngrungu, wong mati padha diuripaké, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.
11:6 Begja wong sing precaya marang Aku tanpa mangu-mangu!"
11:7 Sapungkuré para muridé Nabi Yohanes, Gusti Yésus banjur ngandika marang wong akèh sing lagi padha ana ing kono bab Nabi Yohanes Pembaptis, mengkéné: "Kowé padha marani Nabi Yohanes ana ing ara-ara samun padha arep ndeleng apa? Apa arep ndeleng glagah sing kena ing angin?
11:8 Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng? Apa wong sing nganggo sandhangan mentèrèng? Wong sing padha nganggo sandhangan mentèrèng kuwi manggoné ana ing kraton!
11:9 Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng, yèn kowé padha marani Nabi Yohanes Pembaptis? Apa arep ndeleng nabi? Iya pancèn! Nabi Yohanes kuwi malah ngungkuli nabi!
11:10 Sebab iya Nabi Yohanes kuwi sing disebut ana ing Kitab mengkéné: Pangandikané Gusti Allah: 'Iki utusan-Ku. Aku ngutus utusan-Ku ndhisiki lakumu, supaya ngrata dalan sing bakal kokambah.'
11:11 Padha titènana! Sajagad iki ora ana wong sing ngungkuli Nabi Yohanes Pembaptis. Senajan mengkono wong sing pangkaté cilik dhéwé ana ing Kratoné Allah iku ngluwihi Nabi Yohanes Pembaptis.
11:12 Wiwit nalika Nabi Yohanes Pembaptis memulang, tekan sepréné, Kratoné Allah kuwi dilawan déning wong-wong sing padha ngudi ngwasani nganggo rodha-peksa.
11:13 Piwulangé Agama Yahudi sing diwulangaké déning Nabi Musa lan para nabi liyané nganti satekané Nabi Yohanes Pembaptis, kabèh mecakaké bab Kratoné Allah.
11:14 Déné yèn kowé gelem precaya marang piwulang mau, ngertia yèn Nabi Yohanes Pembaptis kuwi iya Nabi Élia, sing rawuhé wis diweca.
11:15 Sing sapa duwé kuping padha ngrungokna!
11:16 Wong-wong jaman saiki arep Dakupamakaké apa? Kaya bocah-bocah sing padha dolanan ana ing pasar; sing sakrompol celuk-celuk marang krompolan liyané:
11:17 'Aku wis nyuling lagu pengantèn, yagéné kowé kokpadha ora njogèd? Lan aku wis ngidungaké kidung kepatèn, nanging kowé kokpadha ora nangis?'
11:18 Nabi Yohanes sing tekané nganggo pasa lan ora ngombé anggur, diarani: 'Wong kesurupan sétan!'
11:19 Saiki Aku, Putrané Manungsa sing teka nganggo mangan lan ngombé, diunèkaké: 'Delengen wong kuwi! Wong nggragas, seneng endem-endeman lan kancané wong durjana.' Nanging Gusti Allah kuwi wicaksana, lan kawicaksanané mau dibuktèkaké srana wohing pakaryané."
11:20 Sawisé mengkono, Gusti Yésus nutuh marang kutha-kutha sing padha ora mratobat, senajan Gusti Yésus enggoné damel mujijat sing akèh dhéwé ana ing kutha-kutha mau.
11:21 Pangandikané: "Cilaka kowé, kutha Khorazim! Lan cilaka uga kowé, kutha Bètsaida! Sebab saupama mujijat-mujijat sing Daktindakaké ana ing tengah-tengahmu kuwi kelakon ana ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana mesthi wis biyèn-biyèn padha mratobat lan nggetuni dosané.
11:22 Padha titènana mbésuk ing Dina Kiamat; paukuman tumrap kutha Tirus lan kutha Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang karo paukuman tumrap kowé!
11:23 Lan kowé kutha Kapèrnaum! Apa kowé bakal disengkakaké tekan ing swarga? Ora! Kowé malah bakal dibuwang ing nraka. Awit saupama ing kutha Sidon dianakaké mujijat-mujijat kaya sing kelakon ana ing tengah-tengahmu, kutha Sidon mesthi isih lestari tekan sepréné.
11:24 Nanging kowé Dakkandhani: 'Mbésuk ing Dinané Kiamat, wong-wong ing kutha Sodom bakal luwih diwelasi déning Gusti Allah ketimbang karo kowé!' "
11:25 Nalika semana Gusti Yésus saos panuwun marang Gusti Allah, aturé: "Dhuh Rama, Gustinipun langit lan bumi! Kawula ngaturaken agenging panuwun, déné bab menika sedaya Paduka damel wados tumrap tiyang-tiyang pinter lan para sarjana. Nanging tiyang-tiyang ingkang mboten gadhah kawruh, Paduka paringi sumerep.
11:26 Inggih mekaten Rama, pamilih lan keparengipun kersa Paduka."
11:27 "Samubarang kabèh wis dipasrahaké marang Aku déning Rama-Ku. Lan ora ana wong sing wanuh marang Sang Putra, kejaba Sang Rama. Semono uga ora ana sing wanuh marang Sang Rama, kejaba Sang Putra lan wong-wong sing diwanuhaké déning Sang Putra marang Sang Rama.
11:28 Padha mrénéa, kowé sing padha sayah merga mikul abot. Kowé bakal Dakparengaké ngaso.
11:29 Dhawuh-Ku lakonana lan pitutur-Ku gatèkna, atimu mesthi bakal ayem, merga Aku iki alus ing budi lan andhap-asor.
11:30 Awit dhawuh-Ku kuwi ora angèl lan momotan-Ku mau ènthèng."

Comments