Lukas 8
8:1 Ora wetara suwé Gusti Yésus tindak mider-mider, ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa. Ana ing kono Panjenengané memulang bab Injil, yakuwi pawarta kabungahan sing magepokan karo Kratoné Gusti Allah, sing wiwit ditindakaké. Rasul-rasul rolas padha ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus.
8:2 Semono uga ana wong wadon sawetara, sing wis diwarasaké déning Gusti Yésus saka enggoné kesurupan dhemit utawa lelara liyané. Wong-wong wadon mau yakuwi Maryam, sing karan Magdaléna, sing wis ditundhung dhemité pitu.
8:3 Banjur Yohana, bojoné Khusa, pegawé ing kratoné Sang Prabu Hérodès; Susana lan wong wadon akèh menèh. Para wong wadon mau padha ngladèni Gusti Yésus lan wong-wong sing padha ndhèrèk Panjenengané. Déné ragadé peladosan kabèh padha disangga dhéwé déning wong-wong wadon mau.
8:4 Wong akèh saka endi-endi ora kendhat-kendhat padha teka, sowan Gusti Yésus. Nalika wis akèh sing padha nglumpuk, Gusti Yésus nuli mulang nganggo pasemon, mengkéné:
8:5 "Ana wong nyebar wiji. Nalika lagi nyawuraké wiji mau ana ing pategalané, ana wiji sawetara sing tiba ana ing dalan. Wiji mau nuli ana sing kepidak-pidak déning wong liwat, lan ana sing dicucuki manuk.
8:6 Uga ana wiji sawetara sing tiba ana ing lemah padhas. Bareng wiji mau wiwit thukul, nuli mati, jalaran lemahé garing.
8:7 Ana wiji sawetara liyané sing tiba ana ing grumbul eri. Bareng wiji mau thukul, nuli kelindhih déning grumbul mau, temah mati.
8:8 Nanging uga ana wiji sawetara sing tiba ana ing lemah loh. Wiji mau thukul lan metokaké woh, wiji siji metokaké woh tikel satus." Gusti Yésus mungkasi piwulangé srana ngandika: "Sapa sing duwé kuping, padha ngrungokna!"
8:9 Para sekabat nuli padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus bab tegesé pasemon mau.
8:10 Pangandikané: "Wewadiné Kratoné Allah kuwi mung diblakakaké marang kowé. Déné wong-wong liya mung Dakwulang srana pasemon, supaya senajan padha ndeleng, ora weruh, lan senajan padha krungu ora ngerti."
8:11 Pangandikané Gusti Yésus: "Maknané pasemon bab wong nyebar wiji kuwi mengkéné: Wiji kuwi pangandikané Allah.
8:12 Wiji sing tiba ana ing dalan, kuwi wong sing padha krungu pangandikané Allah. Nanging Iblis nuli teka mbusek pangandika mau saka ing atiné, nganti wong mau ora precaya sarta ora dislametaké.
8:13 Déné wiji sing tiba ing lemah padhas kuwi wong sing krungu pangandikané Allah lan nampani pangandika mau klawan bungah. Nanging pangandika mau ora dirasakaké kanthi temenan. Olèhé precaya mung sedhéla. Bareng ana godha teka, wong mau ora tahan banjur ninggalaké kaprecayané.
8:14 Déné wiji sing tiba ana ing antarané thethukulan eri, kuwi wong sing ngrungokaké pangandikané Allah, nanging bareng thukul, pangandika mau kelindhih déning rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning donya, nganti pangandika mau ora rumesep ing ati lan ora metokaké precaya kang mantep.
8:15 Déné wiji sing tiba ana ing lemah loh, kuwi wong sing ngrungokaké pangandikané Allah lan tansah ngrasak-ngrasakaké pangandika mau klawan temenan lan mbangun-turut. Wekasané pangandika mau metokaké precaya sing mantep ana ing atiné wong mau."
8:16 "Ora ana wong sing nyumed diyan, nuli ditutupi panci utawa didokokaké ing longan. Kosokbaliné, diyan sing wis disumed bakal ditumpangaké ana ing ajug-ajug, supaya saben wong sing ana ing jero omah kepadhangan.
8:17 Sebab prekara sing disidhem bakal diumumaké, lan barang sing ditutup-tutupi bakal konangan lan diwartak-wartakaké.
8:18 Awit saka kuwi, padha nggatèkna kandha-Ku: Sapa sing wis duwé, bakal ditambahi, nanging sing sapa ora duwé apa-apa, wong mau bakal dipundhuti apa sing dikira diduwèni."
8:19 Nalika semana Gusti Yésus dipurugi déning ibu lan sedhèrèk-sedhèrèké; nanging padha ora bisa ketemu karo Panjenengané merga saka akèhé wong.
8:20 Nuli ana wong sing ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Ibu lan sedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan wonten ing njawi, badhé kepanggih kaliyan Panjenengan."
8:21 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku yakuwi sakèhing wong sing padha ngrungokaké lan ngèstokaké pangandikané Allah."
8:22 Sawijining dina Gusti Yésus lan para sekabaté nitih prau. Gusti Yésus ngandika marang para sekabat mau: "Ayo padha nyabrang mrana." Prauné tumuli mangkat.
8:23 Nalika lagi padha lelayaran mau, Gusti Yésus saré. Dumadakan ing tlaga ana prahara gedhé. Prauné kelebon banyu nganti nguwatiraké banget.
8:24 Para sekabat nuli padha marani Gusti Yésus. Panjenengané diwungu, aturé: "Gusti, Gusti, kawula sami ketiwasan!" Gusti Yésus nuli wungu. Angin lan ombak mau didhawuhi supaya lerem kabèh.
8:25 Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: "Pengandelmu ana ing ngendi?" Para sekabat mau padha wedi lan gumun banget, sarta padha rerasanan: "Wong iki sapa ta, déné nganti angin lan ombak padha ngèstokaké dhawuhé?"
8:26 Gusti Yésus lan para sekabat nerusaké enggoné lelayaran nganti tekan tanah Gerasa, ing sisih wétané Tlaga Galiléa.
8:27 Bareng Gusti Yésus wis tekan dharatan, ana wong lanang kepanjingan dhemit marani Panjenengané. Wong mau tekané saka ing kutha, wis suwé ora nganggo sandhangan lan ora manggon ana ing omah. Manggoné ana ing guwa-guwa, ing kuburan.
8:28 Nalika wong mau weruh Gusti Yésus, banjur mbengok lan sujud ana ing ngarsané, aturé: "Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur! Wonten urusan menapa Panjenengan kaliyan kula? Kula nyuwun kanthi sanget, sampun ngantos nyiksa kula!"
8:29 Wong mau matur mengkono, merga dhemité wis didhawuhi metu déning Gusti Yésus. Dhemit mau kerep masésa wong mau, nganti senajan ana ing kunjara wis diranté, éwasemono bisa mbedhat lan déning dhemité digawa menyang ara-ara samun.
8:30 Gusti Yésus ndangu marang wong mau: "Jenengmu sapa?" Wangsulané sing didangu: "Nama kula Legiun", awit dhemit sing ngrasuk wong mau akèh banget.
8:31 Dhemit-dhemit mau nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, supaya aja ditundhung mlebu ing juranging pati.
8:32 Ing sacedhaké kono ana babi akèh banget, sing lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrènging gunung. Dhemit-dhemit mau padha nyuwun marang Gusti Yésus, supaya diparengaké mlebu ana ing babi-babi kuwi. Panyuwun mau diparengaké.
8:33 Dhemit-dhemit mau nuli metu saka wong sing kepanjingan, angslup ing babi-babi. Sanalika babi-babi mau nuli njegur ing tlaga saka pinggiring jurang kono, temahan padha mati kleleb.
8:34 Para pangoné bareng weruh lelakon kuwi, nuli padha mlayu menyang kutha lan nyritakaké lelakon mau marang wong-wong ing kutha lan ing désa-désa sakiwa-tengené.
8:35 Wong-wong sing padha krungu nuli padha metu arep ndeleng kedadéan mau. Banjur padha marani Gusti Yésus, lan ing kono padha weruh wong sing tilas kepanjingan dhemit. Wong mau lagi lungguh ana ing sandhingé sampéyané Gusti Yésus; wis nganggo sandhangan lan pikirané wis waras. Wong kabèh sing padha teka saka kutha mau temah padha wedi.
8:36 Wong-wong liyané sing padha weruh dhéwé, nuli padha nyritakaké bab enggoné Gusti Yésus nundhung dhemit-dhemit sing ngangslupi wong mau.
8:37 Wasana kabèh wong ing tanah Gerasa kono nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, supaya Panjenengané kersa tindak saka panggonan kono, awit wong kabèh mau padha wedi banget. Mulané Gusti Yésus iya nuli nitih prau, banjur kondur.
8:38 Wong sing tilas kepanjingan dhemit mau nyuwun kanthi banget marang Gusti Yésus, arep ndhèrèk, nanging Gusti Yésus ora marengaké.
8:39 Pangandikané: "Kowé balia menyang désamu lan critakna marang wong-wong ing kana apa sing wis ditindakaké déning Gusti Allah marang kowé." Wong mau nuli lunga lan ndlajahi kutha-kutha kabèh, karo nyritakaké apa sing wis ditindakaké déning Gusti Yésus marang dhèwèké.
8:40 Sakonduré saka tanah Gerasa, Gusti Yésus dipethukaké wong akèh klawan bungah, jalaran pancèn sing diarep-arep.
8:41 Ing kono ana wong sowan ing ngarsané, jenengé Yairus. Yairus kuwi kepalané sinagogé ing panggonan kono, sujud ing ngarsané Gusti Yésus lan nyuwun kanthi banget supaya Gusti Yésus kersa rawuh ing omahé,
8:42 awit anaké wadon ontang-anting, sing umur rolas taun, lara banget, mèh mati. Gusti Yésus nuli tedhak menyang omahé Yairus. Saka akèhé wong sing padha ndhèrèkaké tindaké, sarirané nganti kedhesek-dhesek saka kiwa-tengen.
8:43 Ing kono ana wong wadon sing wis rolas taun lawasé lara nggrajag getih. Bandhané nganti entèk kanggo mbayar dhukun, éwasemono larané ora mari.
8:44 Wong wadon mau ndhesek nganti bisa nyedhaki Gusti Yésus saka mburi lan ndemèk gombyoking jubahé. Sanalika iku uga enggoné nggrajag getih mampet.
8:45 Gusti Yésus ngandika: "Sapa sing ndemèk Aku?" Sarèhné ora ana sing ngaku, Pétrus banjur matur: "Semanten kathahipun tiyang ingkang sami ngesuk-esuk Panjenengan, kok Panjenengan ndangu, sinten ingkang ndemèk Panjenengan?"
8:46 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ana wong sing ndemèk Aku. Aku krasa, jalaran ana daya sing metu saka ing Aku."
8:47 Bareng wong wadon mau ngerti yèn konangan, sumungkem ing ngarsané Gusti Yésus. Ing ngarepé wong akèh, wong wadon mau nyritakaké enggoné wis ndemèk jubahé Gusti Yésus lan dadi waras sanalika.
8:48 Pangandikané Gusti Yésus: "Nggèr, precayamu sing marasaké kowé. Lungaa kanthi slamet."
8:49 Nalika Gusti Yésus isih ngandika, ana kongkonan saka omahé Yairus, kepala sinagogé, matur: "Bapak mboten sisah damel ribedipun Guru, sebab ingkang putra sampun tilar-donya."
8:50 Gusti Yésus mireng apa sing dikandhakaké déning kongkonan mau, mulané banjur ngandika marang Yairus: "Aja kuwatir, ngandela waé, anakmu bakal mari."
8:51 Sarawuhé ing omahé Yairus, Gusti Yésus ora marengaké wong ndhèrèk mlebu, kejaba Pétrus, Yohanes lan Yakobus, sarta bapak lan ibuné bocah sing lara mau.
8:52 Wong kabèh lagi padha sedhih lan nangisi sing mati. Gusti Yésus ngandika: "Aja padha nangis. Bocahé ora mati, mung turu!"
8:53 Wong kabèh padha nggeguyu, merga padha ngerti, yèn bocahé pancèn wis mati temenan.
8:54 Gusti Yésus banjur ngasta tangané bocah sing mati mau karo ngandika klawan swara seru: "Nggèr, tangia!"
8:55 Nyawané bocah mau sanalika pulih. Bocahé nuli tangi. Gusti Yésus dhawuh supaya bocah mau diwènèhi mangan.
8:56 Wong tuwané bocah kaéraman banget. Nanging Gusti Yésus ora marengaké lelakon kuwi diwartak-wartakaké marang wong akèh.

Comments
Post a Comment